Rabu, 09 Februari 2022

MC Bahasa Jawa

 

الحمد لله الحمد لله رب العالمين وبه نستعين على أمور الدنيا والدين والصلاة والسلام على اشرف الأنبياء والمرسلين وعلى اله وصحبه وسلم

Hadrotal kuroma’ wal fudhola’, poro alim poro ulama, poro kiai, wabil khusus dumateng panjenenganipun romo yai Muhammad Anang Muhsin, ingkang tansah kawula tho’ati ugi kawula ta’dzimi

Poro sesepuh ugi pini sepuh ingkang satuhu kinurmatan

Ugi ingkang tansah kula hurmati dumateng pengurus takmir musholla hasbunallah, panjenenganipun bapak Moden inggih menika bpk Kholid Muhyidin

Hadirin hadirot rahimakumullah

Sakderenge kula matur sumonggo sesarengan kita ngaturaken puji syukur kita dumateng ngarso dalem Allah SWT atas kelimpahan rohmat, taufik, serto hidayahipun, kula lan panjenengan sami saget makempal ing menika majlis sak perlu angrawuhi undanganipun shohibul bait inggih menika mengeti wulan rojabiyah kanti sehat wal afiyah biqoulina alhamdulillahirabbil alamin.

Shalatullah wasalamuhu mugi tetep kaunjuk dumateng junjungan kita nabi agung Muhammad Rasulillahi sholallahu alaihi wasaalam, uswatun hasanah kita sedoyo, ingkang benjang ing yaumil qiyamah kita ajeng-ajeng syafaatipun mugio kita sedaya ingkang sami rawuh estu-estu pikantuk syafaatipun ugi dipun dadosaken umatipun wonten akhirat.

Poro rawuh bapak/ibu ingkang satuhu kinurmatan, kula minangkani pranata adicara badhe kula waosaken minggah rantaman ing ndene laksono ingkang badhe kalampah khususipun wonten peringatan rojabiyah ingkang dipun selenggaraaken wonten mushollah hasbunallah Boyolangu menika.

Adicara ingkang kaping setunggal inggih menika pambuka

Adicara ingkang kaping kalih inggih waosan ayat-ayat suci al-Qur’an

Adicara ingkang kaping tiga sambutan saking panitia

Adicara sak lajengipun inggih menika mauidhotul hasanah ingkang sakmenika badhe dipun aturaken kalihan rama yai Anang Muhsin

Adicara pamungkas inggih menika panutup kanti waosan do’a

Hadirin bapak/ibu tamu undangan ingkang bahagio mulyo, sumonggo adicara ingkang badhe kalampah menika kita bikak kanti waosan ummul kitab kanti pangajab mugi-mugi acara ingkang badhe kalampah menika saget hikmat ugi pikantuk barokah deneng Allah SWT liridhaillah wa bi syafa’ati rasulillah SAW al fatihah

Adicara saklajengipun inggih menika waosan ayat-ayat suci al-Qur’an, ingkang badhe dipun waosaken dumateng Ustadz Tulus. Dumateng panjenenganipun wekdal kasumanggaaken.

Shodaqollahul adzim mekaten wae minggah waosan ayat-ayat suci al-Qur’an, mugio tansah mbeto manfaat dumateng kito sedoyo.

Hadirin kaum muslimin muslimat rahimakumullah, adicara ingkang kaping tiga inggih menika sambutan saking panitia, ingkang badhe dipun sampeaken dumateng panjenenganipun bpk Kholid Muhyidin. Dumateng panjenenganipun wekdal saha sasono pangendikan kaaturaken sumonggo.

Saklajengipun, adicara inti inggih menika mauidhotul hasanah dipun lajengaken do’a. sakderengipun mauidhotul hasanah kasampeaken, kula minangkani pranata adicara mbok bilih milai awal ugi akhir wonten kekhilafanipun asal kawula matur baik fi’liyah qouliyah kula nyuwun agunging sih samudro pangeksami. Wallahul muwafiq ila aqwami thariq wassalamualaikum wr br.

Dumateng penjenenganipun almukarom romo yai Anang Muhsin, wekdal saha sasono pangandikan kaaturaken sumonggo.

Allahumma sholli 'ala Muhammad.

Tidak ada komentar:

Posting Komentar