Rabu, 23 Desember 2015

Pujian Setelah Sholat Tarawih / Pujian Salalahuk

Sholalloh ala nabi... 
(صل الله على النبي)
Sholalloh ala nabi... Muhammad syafi’il kholqi 
(صل على النبي محمد شافع الخلق)
Fil yaumi yauma
(في اليوم يوما)
Sholalloh ala nabi... 
(صل الله على النبي)
Sholalloh ala nabi.... Muhammad syafi’il kholqi 
(صل على النبي محمد شافع الخلق)
Fil yaumi yauma
(في اليوم يوما)

Ya robbana, ya robbana, waghfir lana dzunubana
(يا ربنا، يا ربنا، واغفر لنا ذنوبنا)
Taqobbal dunga’ana, ya rohman, ya rahim 
(تقبل دعائنا، يا رحمن، يا رحيم)

Sira kiblat den sampurna
sampurnane wong alam kabeh

Alloh wujud, qidam, baqo', mukholafatu lilhawaditsi
(الله وجود، قدام، بقاء، مخالفة للحوادث)
Wal qiyamu binafsihi. Wahdaniyan, qodrat, irodat,
(والقيام بنفسه، وحدنيا، قدرة، ارادة)
Ilmu, hayan, sama’, bashor, kalam
(علم، حيا، سمع، بصر، كلام)
Qodiron, muridan, 'aliman, hayyan, sami’an
(قادرا، مريدا، عالما، حيا، سميعا)
Wa basirun, mutakaliman
(وبصير، متكلما)

Ingsun ngimanaken malaikat iku
utusane Allah, kawulane Allah
kang werna-werna rupane
kang werna-werna gawene
werna-werna ngibadahe
tanpo syahwat, tanpo nafsu
ora rama ora ibu
ora lanang ora wadon
ora dhahar ora nginum
jinsime jinsim alus... bongso luhur

Asyhadu alla ilahaillalloh
(أشهد أن لا اله الا الله)
Wa asyhadu anna muhammadarrasululloh
(وأشهد أن محمدا رسول الله)

Anekseni ingsun,
setuhune ora ana ing pengeran kang sinembah
kelawan sak temene, kang wajib wujude
kang muhal ngadame, kang mesti anane, anging Allah

Anekseni ingsun,
setuhune Kanjeng Nabi Muhammad iku
utusane Allah, kawulane Allah,
kang rom0 Raden 'Abdullah, kang ibu Dewi Aminah
ingkang dzahir ana Mekkah
ngalih Ing Madinah, jumeneng ing Madinah
gerah ing Madinah, seda ing Madinah
sinareaken ing Madinah.
Bangsane bongso Arab bongso rasul, bongso Qoreys
Utawi yuswane Kanjeng Nabi Muhammad iku
suwidak tahun punjul tigang tahun

Utawi maknane lafadz Lailahaillalloh iku
makna nafi lan itsbat
Utawi kang den nafe’aken iku
sekehing pengeran, pengeran kang liya
saking pengeran kita kang agung kang maha mulya
Lan kang den itsbataken iku
pengeran kang shah, kang setunggal,
kang ora dinadeaken, ndadeaken wong alam kabeh,
iya iku aran Allah.

Tegese aran Allah iku, aran ing dalem dzat,
kang wajibul wujud, kang muhal ngadame, kang wajib anane
ora werna ora rupa, ora arah ora enggon
lan sing sapa wonge ngucapaken
setuhune Allah iku werna rupa, arah enggon,
mongko wong iku dadi kufur

Utawi kanjeng nabi Muhammad iku
manungso kang lanang, kang merdeko
kang wis ngakel baligh, kang bagus rupane
kang mencorong cahyane kadi purnomo rembulan
utawa kaya srengenge keturunan wahyu.

Ingkang wajib anduweni sifat sidiq amanah tabligh
sidiq bener, amanah den percoyo, tabligh aneka'aken
muhal onya, muhal cidra, muhal angumpataken
ingkang wenang anduweni sifat 'Arob basyariya
lan ora nyudaken, ing dalem derajate
ingkang maha luhur.

Allahuma sholi 'ala muhammad
(اللهم صل على محمد)
Allahuma sholi 'ala muhammad
(اللهم صل على محمد)
wa'ala alihi, wa'ala alihi
(وعلى آله، وعلى آله)
washohbihi wasallim
(وصحبه وسلم)

Allah rabbij ja'al hadza baladan aminan
(الله رب اجعل هذا بلدا أمنا)
Allah rabbij ja'al hadza baladan aminan
(الله رب اجعل هذا بلدا أمنا)
Warzuq ahlahu, warzuq ahlahu
(وارزق أهله، وارزق أهله)
Wasi’an thoyiban hasanan
(وسعا طيبا حسنا)
Taqabballahu minna wa minkum wa taqobbal ya karim.
(تقبل الله منا منكم وتقبل يا كريم)

Berikut rekaman pelantunan Pujian Setelah Tarawih;

14 komentar:

  1. Daerah jawa timur ngendi kui mas? Neng daerah Tulungagung kadang yo nggawé kui

    BalasHapus
  2. Trenggalek. Tulungagung juga sama. Hanya saja banyak teks yang sudah berubah, mungkin karena mereka menghafal dari pendengaran bukan pembacaan.

    BalasHapus
  3. Kebumen daerah selatan khususnya desa karangbolong juga sholawate ky gt. Mungkin duku ada yng mondok di jawa timuran

    BalasHapus
  4. Kemungkinan. Karena hampir seluruh di Jawa Timur melantunkan pujian tersebut.

    BalasHapus
  5. Tulungagung juga sama. Hanya saja kalau kita perhatikan liriknya, ada beberapa perbedaan terutama dalam kata yang dipakai. Hal tersebut karena penyampaian pujian dengan lisan, sehingga mudah terjadi perubahan termasuk penghilangan dan penambahan.

    BalasHapus
  6. Alhamdulillah akhirnya nemu juga,kenek tak gawe koreksi bacaanq sing salah, iki isek sering tak amalkan bar sholat taraweh,, jare imame masjid ben enek bedone antara posoan karo hari2 biasa. Salam dari kalidawir tulungagung.

    BalasHapus
  7. Insyaallah ini yang paling valid, karena sudah ditashih ke sesepuh kampung. Semoga bermanfaat.

    BalasHapus
  8. Kl dengan daerah Blitar, ada perbedaan dalam lantunan nadanya.

    BalasHapus
  9. Biasa nya kebanyakan yang aku denger ke balik pak antara utusan dan kawulo ,
    Hehehe

    BalasHapus
  10. Secara makna sama, hanya saja utusan lebih khusus dari kawula. Mungkin ketika didahulukan lebih mengutamakan posisi yang khusus dulu baru ke posisi yang umum.

    BalasHapus