Kamis, 29 Desember 2011

Ora Duwe Doyo

Esuk iki adem tenan. Senajan cahyo srengenge wes mbuyar ono ing bumi, roso angete isih kalah karo howo adem ing kutha Malang iki. Malang iku sakliyane mashur aran kutho apel, ugo mashur karanan kutho sing lumayan adem. Amargo kutho Malang iku kepepet babakab gegunungan lan kalebu daerah bongso lemah dhuwur.
            Ngatiri isih ungkang-ungkang ono dhuwur amben. Anake sing isih umur sepuluh taunan wes budhal sekolah awit esuk mruput mau. Bojone wes ora ono ing amben. Ngatirah, bojone ngatiri ono pawonan korah-korah dandang, ompreng, panci, lan sak piturute kanggo adang digawe mangan mengko awan. Keluargane Ngatiri terah ora tau sarapan kejobo lak pas ono sego turahan bengine banjur digoreng gawe sarapan. Iki ngono gorong mesti seminggu pisan, amargo dipangan bengi wae isih kurang-kurang. Sinyo, anake sing kelas siji SD saben isuk mung disarapi roti garing telung glintir. Ngono wae kadang-kadang lak utang warunge tonggone.
            “Dhang budal dines, kang! Srengengene wes sak genter. Bawang, mrico, tumbar wes wayahe tuku maneh, ojo lali mulihe mampir pasar”. Ngatirah ngoprak-oprak bojone.

            Ngatiri panggah plolang-plolong ono kamar. Sak util rokok wae ora ono blas. Sak temene, rokok iku dadeake tenogo kanggo Ngatiri. Lambene kecut. Sejanan wes nyepak ono mejo sak cangkir kopi ono ngarepe tapi rasane kecut ora ono rokoke. Esuk-esuk ngene iki lak due duet biasane ngopi karo rokokan disek dadekne semangat nyambut gawe.
            “Kang, wes arep bedhog iki lho, turu wae!” Suarane Ngatirah gumblegur kaya bledhek nyamber wit klopo. Ngatiri sadar teko lamunane banjur jingkat ngadek banjur nbenakne bebetan sarunge sing arep udar. Banjur nyruput kopi sing wes disiapne Ngatirah mau isuk. Byooorrr... kopine sing wes neng jero cangkem disemprotne metu.
            “Ngatirah... kopine ora ono gulone ta! Piye sampean iku!” Ngatiri sambat dibarengi roso anyel.
            “Yo iyo kang, lha wong wis telung dino iki gulone entek kok”.
            Krungu alasane bojone, Ngatiri ora sido muring-muring. Ngatiri sadar lek dino-dino iki terah ora oleh duet blas. Ngatiri banjur melu lan raup ono jedhing. Disawang-sawang sabune wes tipis, wayahe tuku maneh. Ngatiri mung geleng-geleng. Kebeh kebutukan pokok entek. Nasipe keluargane mulai ngenes sak bare barang-barang regone mundhak sak langit. Sak durunge mundhak wae wes kroso kangelan tuku kabeh sing dipangan. Ora jarang Ngatiri sak anak bojone mangan sego karak. Lawuhe tempe Menjos sing jarene wong-wong iku panganane kirek.
            Haaah.... Ngatiri ambekan gedhe banjur ganti sual dines sedino-dino. Sak durunge budhalan Ngatiri ngambung pipine bojone, wes biasa kanggo tondo katresnan urip bebojoan.
            “Kang, capile kari!” Kondo Ngatirah karo ngelungne capile.
            “Akang budhal disek yo... Mugo-mugo rejekine akeh. Amin..” Ngatiri banjur mancal becake sing wes diparkir ono ngarep lawang.

Tidak ada komentar:

Posting Komentar